Mint Cosmetics

Friday, March 23, 2012

GEGURITAN

JANGKAH LAN JANGKA
Tanpa  karasa wus separo jumangkah
rasa kang rinasa karasa sakedhep netra
impen kang karacik tharik-tharik  samar-samar ngedoh
akeh kang durung kacipta nyata
nanging manungsa amung bisa mbudidaya
jantraning urip wus kapurba kang Kuwasa
antebing dhadha durung  bisa dadi panyangga
restu lan puji syukur kang aweh panyangga
pacen durung akeh kang katindakake ing separo jangkah kang lelet
rumpakan wiwit katulis sanajan lamat-lamat
isih ana kekuwatan kanggo ngrampungake niat
ya sanajan kanthi tekad kang kebak mangu-mangu
ananging tetep madhep manteb jangkah iki
nyipta karya  kang kebak makna lan guna
tumrap sapepadhaning urip
amung sanajan sakuku ireng kang  bisa kajurung


LINTANG PANGURIPAN

cahyamu madhangi atiku
tresnamu ora bakal luntur dening wektu
saben wektu bisa gawe guyu
siyang dalu bisa dadi pancer uripku
lintang panguripan ……
sliramu tansah siyaga ing saben wayah
ngedhemake atih kang lagi nandhang susah
bungah susah tansah bisa nggugah ati kang pasrah
aku ora bakal lali
aku ora bakal cidra  janji
marang tulusing budi
tansah eling sih  pangarasmu
tresnamu marang aku
aku ora bakal lali
lintang panguripanku
Ibu ……………………….
Dening : Ira Andani A

PUSTAKA

pustaka ……
sapa wae bisa nusu
nacep kabeh  kabecikan
pancen becik bebudenmu
dadi sumbering kabeh ngelmu

pustaka …..
sliramu pancen bisu
nanging kurunganing kabeh ngelmu
sliramu bisa daktakoni
pituduhmu gawe lempenge pakarti
kanggo pepadhanging ati

o …. pustaka
panuntunmu
mikolehi aku
pituturmu
gawe endah uripku
aku bisa golek ngelmu
amarga sliramu
Dening : Riska PPS

No comments: