Mint Cosmetics

Monday, February 20, 2012

Prediksi UAS



PREDIKSI UAS BHS JAWA SMP
(2)

       Pilihen wangsulan kang paling bener!

1.    Yu Irah kondhang minangka wong kang lunyu ilate. Tembung lunyu
 ilate kalebu tembung entar kang tegese….
a.       tembunge mencla-mencle
b.      seneng ngrasani tangga
c.       criwis, akeh omonge
d.      seneng padu.

2.    Bejane wae Mbak Laras dawa ususe, kabeh mung diwangsuli kanthi esem.
Tembung dawa ususe nduweni teges….
a.       ususe dawa, mangane akeh
b.      seneng ngulur wektu
c.       sabar banget
d.      seneng ngg­­­­uyu, nyenengake wong liya.

3.    Tembung ing ngandhap menika ingkang minangka tembung Garba
inggih menika….
a.       memetri
b.      tumekeng
c.       pinardiya
d.      mekaring

4.    Tembung garba jalwestri kadadosan  saking  tembung….
a.       jalwes + stri
b.      jalwa + estri
c.       jalwa + setri
d.      jalu + estri

5.    Ukara ing ngandhap menika ingkang ngginakaken tembung Homonim inggih
menika….
a.           
1)  Bapak tindak Kebumen mundhut gendheng.
2)  Aku mau ana dalan ngerti wong gendheng.
b.          
1)  Ibu mundhut sekar Mawar.
2)  Bapak midhangetaken sekar Dhandhanggula.
c.          3
1)  Aku karo kancaku arep ngelih meja.
2)  Bareng wis awan aku krasa luwe
d.          
1)  Ibu tindak Bank arep mundhut celengan.
2)  Ibu tindak pasar nitih becake Bang Toyib.
     

6.     Wong tuwane sakloron ora kurang-kurang anggone mulang
unggah-ungguh….anake tetep ora ngerti tatakrama. Tembung
panggandheng ingkang trepkangge ngisi cecek –cecek ing
ukara kasebat inggih menika….
a.       ewadene
b.      sinambi
c.       nalika
d.      manawa

7.      Gatekna ukara ing ngisor iki !

No
Ukara
1
Bapak Wisnu Subrata badhe medhar sabda.
2
Saben dhina Senin murid-murid pada upacara.
3
Kula badhe ndandosi pit.
4
Mbakyu kula dhereng gadah momongan.

Ukara ing nginggil ingkang leres panyeratipun inggih menika….
a.       ukara 1 lan 2
b.      ukara 3 lan 4
c.       ukara 1 lan 3
d.      ukara 2 lan 4

Wacan
Sasangka          : “Kula nuwun, Bu.”
Bu Sastra         : “ Mangga, O, Nak Sasangka, kene mlebu kene! Ana wigati apa,
Nak?”
Sasangka          : “Kepareng matur, Bu. Kula (mara) mriki (dikongkon)
Ibu,( menehake)
pundhutanipun gendhis watawis 10 kg.”
Bu Sastra         : ”O ya, (omonga) karo Ibumu, menawa iki kabeh wis taktampa.”

8.   Tembungipun  Sasangka  wonten ing waosan ing nginggil kirang leres.
Dene  tembung   ‘mara’ ingkang leres inggih menika….
a.     sowan
b.    dhateng
c.     rawuh
d.    tindak

9.   Tembungipun Sasangkamenehake” ingkang leres inggih menika….
a.     nyaosaken
b.     maringaken
c.     menehaken
d.     nyukakaken

10.  Gambar wayang punakawan menika namanipun….


Add caption


a.      Bagong
b. Gareng
c.      Petruk
d.      Semar

PREDIKSI UAS BHS JAWA SMP


PREDIKSI UAS BAHASA JAWA SMP 
(1)

I.         Wangsulana pitakonan-pitakonan ing ngisor iki kanthi milih wangsulan kang wus cumawis

1.         Pranata adicara uga diarani ... .
a.          Pamedhar sabda
b.         Sabdatama
c.          Sesorah
d.         Pambiwara

2.         Pranata adicara menika salah satunggaling paraga ingkang nggadhahi jejibahan ... .
a.    Caos seserepan dhumateng para rawuh
b.    Caos panglipur dhumateng ingkang rawuh ing adicara
c.    Nglantaraken titilaksana ing satunggaling adicara
d.   Atur pangandikan ing salebetipun adicara

3.         Supados saged ngolah basa lan sastra pranatacara kedah saged mangertos ... .
a.   Paramasastra
b.   Unggah-ungguh
c.   Tatakrama
d.  Unggah-ungguh lan tatakrama

4.         Kanthi pangertosan paramasastra pranatacara/pamedarsabda saged ndhapuk mocap, tembung, ukara, wacana kanthi laras lan leres. Laras tegesipun ... .
a.          pranatacara saged ngrantam trep kaliyan kawontenan saha swasana.
b.   pranatacara saged ngrantam saha mbabar titi laksana trep kaliyan kawontenan saha swasana.
c.    Saged ngginakaken basa ingkang trep kaliyan paramasastra.
d.         Pranatacara saged nguwaosi kawontenan kanthi sae.

5.         Teks sesorah kang isine ngucapake salam marang para tamu minangka tanda sapa aruh lan pakurmatan,  perangan sesorah:
a.          Isi
b.         Pambuka
c.          Pangarep-arep
d.         Panutup

6.   Teks sesorah kang isine memuji syukur dhumateng Gusti ingkang Maha Asih supaya acara saged kalaksanan kanthi lancar, perangan sesorah:
a.          Isi
b.         Pambuka
c.          Pangarep-arep
d.         Pamuji
7.     Nalika sesorah wirasa dipatrapake karo swasana, upamane layatan boten sami kaliyan syukuran. Aja nganthi gojegan. Kang  ngono iku ateges wong sesorah iku nggatekake ... .
a.          Wicara
b.         Wiraga
c.          Wirama
d.         Wirasa

8.      Nalika sesorah swantenipun ingkang trep, boten keseron, boten bengok-bengok, lan boten kelirihen, tegesipun tiyang sesorah menika nggatosaken ... .
a.          Wicara
b.         Wiraga
c.          Wirama
d.         wirasa

9.      Tiyang sesorah kedahipun patrap kaliyan swasana badan kedah teteg, jejeg, mantep, asta ngapurancang. Praen ulat sumeh, grapyak, ora besengut. Ateges nggatosaken ... .
a.          Wicara
b.         Wiraga
c.          Wirama
d.         wirasa

10.      
1
Isi
2
Pangarep-arep
3
Pamuji
4
Pambuka
5
Panutup







 
       Urut-urutanipun sesorah ingkang leres inggih menika ... .
a.          2, 3, 5, 1, 4
b.         4, 3, 1, 2, 5
c.          4, 2, 1, 3, 5
d.         4, 1, 3, 2, 5

II. Wangsulana kanthi cekak aos
     Gawea urut-urutane adicara :
1.     Pepisahan karo siswa kelas IX
2.   Mangayubagya dina Kamardikan RI ing lingkunganmu