Mint Cosmetics

Monday, February 20, 2012

PREDIKSI UAS BHS JAWA SMP


PREDIKSI UAS BAHASA JAWA SMP 
(1)

I.         Wangsulana pitakonan-pitakonan ing ngisor iki kanthi milih wangsulan kang wus cumawis

1.         Pranata adicara uga diarani ... .
a.          Pamedhar sabda
b.         Sabdatama
c.          Sesorah
d.         Pambiwara

2.         Pranata adicara menika salah satunggaling paraga ingkang nggadhahi jejibahan ... .
a.    Caos seserepan dhumateng para rawuh
b.    Caos panglipur dhumateng ingkang rawuh ing adicara
c.    Nglantaraken titilaksana ing satunggaling adicara
d.   Atur pangandikan ing salebetipun adicara

3.         Supados saged ngolah basa lan sastra pranatacara kedah saged mangertos ... .
a.   Paramasastra
b.   Unggah-ungguh
c.   Tatakrama
d.  Unggah-ungguh lan tatakrama

4.         Kanthi pangertosan paramasastra pranatacara/pamedarsabda saged ndhapuk mocap, tembung, ukara, wacana kanthi laras lan leres. Laras tegesipun ... .
a.          pranatacara saged ngrantam trep kaliyan kawontenan saha swasana.
b.   pranatacara saged ngrantam saha mbabar titi laksana trep kaliyan kawontenan saha swasana.
c.    Saged ngginakaken basa ingkang trep kaliyan paramasastra.
d.         Pranatacara saged nguwaosi kawontenan kanthi sae.

5.         Teks sesorah kang isine ngucapake salam marang para tamu minangka tanda sapa aruh lan pakurmatan,  perangan sesorah:
a.          Isi
b.         Pambuka
c.          Pangarep-arep
d.         Panutup

6.   Teks sesorah kang isine memuji syukur dhumateng Gusti ingkang Maha Asih supaya acara saged kalaksanan kanthi lancar, perangan sesorah:
a.          Isi
b.         Pambuka
c.          Pangarep-arep
d.         Pamuji
7.     Nalika sesorah wirasa dipatrapake karo swasana, upamane layatan boten sami kaliyan syukuran. Aja nganthi gojegan. Kang  ngono iku ateges wong sesorah iku nggatekake ... .
a.          Wicara
b.         Wiraga
c.          Wirama
d.         Wirasa

8.      Nalika sesorah swantenipun ingkang trep, boten keseron, boten bengok-bengok, lan boten kelirihen, tegesipun tiyang sesorah menika nggatosaken ... .
a.          Wicara
b.         Wiraga
c.          Wirama
d.         wirasa

9.      Tiyang sesorah kedahipun patrap kaliyan swasana badan kedah teteg, jejeg, mantep, asta ngapurancang. Praen ulat sumeh, grapyak, ora besengut. Ateges nggatosaken ... .
a.          Wicara
b.         Wiraga
c.          Wirama
d.         wirasa

10.      
1
Isi
2
Pangarep-arep
3
Pamuji
4
Pambuka
5
Panutup







 
       Urut-urutanipun sesorah ingkang leres inggih menika ... .
a.          2, 3, 5, 1, 4
b.         4, 3, 1, 2, 5
c.          4, 2, 1, 3, 5
d.         4, 1, 3, 2, 5

II. Wangsulana kanthi cekak aos
     Gawea urut-urutane adicara :
1.     Pepisahan karo siswa kelas IX
2.   Mangayubagya dina Kamardikan RI ing lingkunganmu

No comments: