Mint Cosmetics

Sunday, February 26, 2012

TULADHA PRANATA ADICARA PANGRUPTINING LAYON

PRANATA ADICARA PANGRUPTINING LAYON

Assalamu’alaikum Wr. Wb.
Inna Lillahi wa inna illaihi rooji’un 3X

Wonten ngarsanipun para ta’jizah kakung putri ingkang dhahat kinormatan.
Langkung rumiyin sumangga kita  ngaturaken  puja puji syukur konjuk wonten Ngarsa Dalem Allah SWT ingkang sampun kepareng paring berkah saha inayah  dhumateng kita sedaya, saengga wonten ing wekdal menika  kita swdaya saged kempal manunggal wonten ing papan menika saperlu caos pakormatan ingkang pungkasan dhumateng  almarhumah.... kanthi boten wonten alangan satunggal menapa (nir rubeda kalis ing sambekala).

Saderengipun adicara pangruptining (pametaking) layon ing wekdal menika kawiwitan, langkung rumiyin kula ingkang  kajibah nglumantaraken adicara  ing siyang manika, langkung rumiyin badhe kula aturaken  menggah urut-urutanipun (reroncening) adicara pangruptining layon inggih awit saking sedanipun  almarhum ..... ing wekdal menika.

Adicara ingkang sepisan inggih menika pambuka.
Adicara ingkang angka kalih atur pambagya saking kulawarga ingkang nembe nandhang sungkawa (duhkita). Ingkang samangke badhe kaaturaken dening panjenenganipun Bapak (dhukuh) ....
Adicara salajengipun inggih menika atur bela sungkawa saking para ta’jiyah ingkang ing samangke badhe kaaturaken dening panjenenganipun Bapak (lurah).....
Adicara ingkang angka sekawan inggih menika pangruptining layon. Ingkang ing samangkeh badhe dipunpimpin dening Panjenenganipun Bapak (kaum) ....
Dene adicara ingkang pungkasan inggih menika panutup.
Makaten menggah urut-urutanipun  adicara pangruptining layon ing siyang menika.

Para Ta’jiyah ingkang kinormatan.
Sumangga adicara pangruptining layon (jenazah) ing wekdal menika kita bikak kanthi waosan Basmallah sesarengen......... Bismillaah ...
Mugi-mugi kanthi waosan Basmallah kala wau saestu mahanani sedayanipun saengga adicara pangruptining layon, inggih awit saking sedanipun almarhum ......... saged lumampah  kanthi sae boten wonten alangan satunggal menapa.

Adicara ingkang angka kalih inggih menika atur pambagya saking kulawarga ingkang nembe nandhang sungkawa. Ingkang ing wekdal menika badhe dipunsalirani dening panjenenganipun Bapak (Lurah) .... Wonten ngarsanipun Bapak ... kula sumanggakaken.
Makaten atur pabagya saking ingkang nembe nandhang sungkawa.

Adicara salajengipun atur bela sungkawa saking para Ta’jiyah, ingkang badhe kaaturaken dening Panjenenganipun Bapak ......
Wonten ngarsanipun Bapak ... kula sumanggakaken.
Makaten atur bela sungkawa saking para Ta’jiyah.
Kalajengaken adicara pangruptining layon. Kasuwun wonten ngarsanipun Bapak .... mimpin pangruptining  layon ing wekdal menika.

Saderengipun pangruptining layon, sumangga adicara  ing weldal menika kita tutup langkung rumiyin. Namung  saderengipun adicara kita tutup, saking kulawarga taksih nyuwun gungan malih dhumateng ngarsanipun para Ta’jiyah ingkang berbudi.  Para Ta’jiyah ingkang kersa saha dhangan ing penggalih kasuwun nguntabaken layon dumugi ing pasareyan (sasana laya) dhusun .... ingkang tebihipun kirang langkung ... kilo meter. Ewa semanten  mbokbilih    para Ta’jiyah ngersakaken kondur  inggih awit saking  wonten jejibahan ingkang boten saged katilar (langkung wigati), saking kulawarga Almarhun ... namung ndherekaken sugeng kondur. Salajengipun kula minangka ingkang nglumantaraken tata rakiting adicara wonten atur ingkang kirang nuju prana, kula namung nyuwun agunging sih pangaksama.

Sumangga adicara ing wekdal menika kita tutup kanthi waosan Alhamdulillah sesarengan. Alhamdulillah hirobbil, alamin.

Wassalamu’alaikum Wr. Wb.

No comments: