Mint Cosmetics

Wednesday, February 29, 2012

Tuladha Sesorah ing lingkungan sekolah

SESORAH PEPISAHAN SAKING WAKIL SISWA KELAS IX
Bapak Kepala Sekolah ingkang dahat kinormatan, Bapak/Ibu Guru ingkang satuhu kinabekten. Kanca-kanca siswa kelas sanga saha adhik-adhik siswa kelas pitu lan wolu ingkang kula tresnani.
Puji syukur dhumateng Gusti ingkang Maha Kuwaos, ingkang sampun ngluberaken rahmat saha hidayah-Ipun dhumateng kita sedaya, dene kita sedaya saged makempal manunggal wonten ing papan menika saperlu  ngawontenaken acara pepisahan siswa kelas sanga kanthi kalis ing sambekala.
Bapak Kepala Sekolah saha Bapak/Ibu Guru ingkang satuhu kinabekten. Boten kesupen kula minangka wakil siswa kelas sanga ngaturaken agenging panuwun ingkang tanpa upami awit saking rawuhipun Bapak/Ibu wonten ing acara pepisahan menika.
Kula minangka wakil siswa kelas sanga ing wekdal menika ngaturaken agunging panuwun ingkang tanpa upami, dene Bapak/Ibu Guru sampun kersa nggulawenthah, paring wewarah saha pitedah dhumateng  para siswa. Saengga sedaya siswa kelas sanga saged ngrampungaken kewajibanipun ingkang sampun kalampahan sadangunipun tigang taun. Inggih awit saking ikhlas saha gregedipun Bapak/Ibu Guru, sadangunipun tigang taun menika, kula sakanca  pikantuk maneka warni ngelmu ingkang migunani kangge sangu panggesangan kula sakanca ing samangke saha saged kangge nerasaken wonten ing pawiyatan tataran candhakipun.
Sadangunipun tigang taun, kula ngangsu kawruh ing sekolah menika sampun dipungulawenthah dening Bapak/Ibu Guru ngantos wonten pangiketing batin, saengga karengkuh kados dene putra-putri piyambak. Semanten ugi kula sakanca rumaos bilih Bapak/Ibu Guru kados dene tiyang sepuh piyambak. Inggih awit saking Bapak/Ibu Guru kula anggep kados tiyang sepuh piyambak, kula sakanca asring  nggadhahi patrap saha pangucap ingkang nalisir saking tata krama saha unggah-ungguh, saengga adamel boten renaning penggalihipun. Bapak/Ibu Guru. Kanthi menika kula sakanca ing wekdal ingkang sae menika nyuwun agunging samodra pangaksama.
Bapak/Ibu Guru ing  kula ormati, saha adhik-adhik kelas 7 lan 8 ingkang kula tresnani. Sekedhap malih kula sakanca badhe nilar sekolah ingkang sanget kula tresnani menika. Salajengipun badhe nerasaken dhateng tataran sekolah candhakipun. Kula sakanca nyuwun donga pangestu dhumateng Bapak/Ibu Guru, mugi-mugi kula sakanca saged ketampi ing sekolah ingkang sae jumbuh kaliyan idham-idhamanipun kula sakanca.  Sapengkeripun nilar sekolah menika, Kula saknca tansah dedonga mugi-mugi Bapak/Ibu Guru saha Karyawan Tata Usaha pikantuk lawilujengan, karaharjan saha  pangayomaning Gusti Ingkang Maha Kuwaos. Amin.
Dhumateng adhik-adhik  siswa kelas pitu lan wolu, kula sakanca namung ndherek weling dadosa siswa ingkang mbangun miturut dhumateng sedaya dhawuh saha pitedahipun Bapak/Ibu Guru. Awit sedaya dhawuh lan pitedahipun Bapak/Ibu Guru menika namung amrih sae saha kasembadan  gegayuhanipun para siswa.
Bapak/Ibu Guru ingkang satuhu kinabekten, saha adhik-adhik siswa kelas pitu lan wolu ingkang kula tresnani. Kula minangka wakil siswa kelas sanga sepisan malih namung ndherek memuji, mugi-mugi sapengker kula sakanca, sekolah menika tansah ngrembaka dados sekolah ingkang unggul ing babagan menapa kemawon. Ingkang tundhonipun saged dados patuladhan sekolah-sekolah sanesipun.
Pungkasaning atur, kula minangka wakilipun siswa kelas sanga, temtu kemawon anggen kula matur kathah patrap saha pangucap ingkang boten nuju prana, kula namung tansah anyenyadhong agunging sih pangaksama. Matur nuwun.

No comments: